Searching...
Thursday, January 2, 2014

Proyek Wifi Handover



Neng sela selane sibukke aku facebookan karo youtuban, iseh tak selakne nggo nulis lah, itung itung nggo catetan, tur mbok-mbok iso kanggo minimal kanggo nggo awakku dewe opo meneh iso kanggo nggo wong liyo. 

Nah nang postingan sakurungi aku wis njajal nulis SDN & NFV terus ono SDN OpenFlow. Nah tulisan-tulisan mau kui ono hubungane kro sik tak sinauni aku ng kene, neng kene neng bidang jaringan pancen lagi mongso ngunu kui, intine piye bisane jaringan iso di program, ura mung pasang-pasang mlaku, tapi jaringan yo iso pinter kyo menungso haha.

Nah wis bola bali tak sebut, asline beasiswaku semester awal iki seko proyek handover, nek hurung mudeng masalah handover utowo handoff mending googling sek ae lah, mengko tak malah bingung. 

Nah intine piye bisane awak dewe  iso ngimplimentasiake standar IEEE 802.11r (Fast handoff) .
Nah tujuane yo jelas, mungkin nek neng indonesia rung patio katon wong bandwidth ae iseh mlendap mlendup, nek neng kene mang wis mikir optimasi, security, lha nek neng indonesia yo iseh implementasi lah. 

Nah nek ng kene kan neng endi2 mesti ono akses poin, dadi piye bisane nek awak dewe kui pas pindah lokasi terus pindah akses point tapi ra kroso nek pindah, misal pas awak dewe lagi streamingan youtube, nah awak dewe pindah/mlaku lah, terus ono akses point sik signal le luwih apik, nah mengko iso otomatis pindah ng akses point sik mau ra perlu buffer, ngunu lah.

Nah barang-barang pesenane wis podo teko, tapi rung kabeh, sik wis teko 7 AP (Wifi Router) AC 1750 Buffalo utowo WZR 1750 DHP karo 2 tablet google nexus 7, iseh nunggu USB wifi adaptor sik akeh, HP switch , kro raspberry pi. 

Siap-siap ndang di oprek, kie aku wis njajal ngeflash WZR 1750 DHP  ng DD-WRT firmware iseh gagal terus, mbuh kiye.. oya lali yo intine nek rep implementasi standar IEEE 802.11r ng AP kui firmware seko APne biasane rung support, nah awak dewe iso install firmware sik open tur keren contone openwrt, op dd-wrt sik support standar IEEE 802.11r tur iso di oprek. :)



0 comments:

Post a Comment

 
Back to top!